18/10/2025
Asor Nalika Sukses
Nalika manungsa ngraosaken kabegjan, kasil, utawi kasuksesan ing urip, sejatosipun wonten kekiyatan kang ora kasat mripat nanging banget wigatiné: donga tulus saking tiyang sepuh.
Tiyang sepuh tansah ndedonga kanthi ati resik, nyuwun marang Gusti supaya anaké tansah pinaringan wilujeng, berkah, lan kaslametan. Donga punika kados swara lirih ing wayah wengi, nanging gaungé nyentuh langit.
Mula, nalika kita nggayuh kasil, entah ing pakaryan, pangkat, utawi urip bebrayan, aja nganti lali sapa sing ndedonga nalika awake dhewe isih ora duwe apa-apa. Wong tuwa boten nate njaluk bali, nanging tansah mberkahi.
Tugas kita mung siji: ngajeni lan njaga rasa andhap asor.
Andhap asor punika tandha yèn ati wis tuwuh, boten gumunggung, boten ngagem kasuksesan minangka tamèng, nanging minangka wasilah kanggo nggawa manfaat tumrap liyan.
Nalika kita tetep murah esem, rengkuh, lan sumanak, sejatiné kita nindakake piwulang luhur saking para sepuh: “aja dumeh bisa, aja dumeh duwe.”
Senyum sing tulus punika luwih larang regané tinimbang kalung emas.
Karamahan lan ketulusan bisa nentremaké ati wong liya, luwih-luwih nalika kita wis dumunung ing papan sing dianggep luhur.
Kawicaksanan sejati ora katon saka apa sing kita duwé, nanging saka piwulang lan budi sing tansah andhap asor sanajan wis dhuwur drajate.
Mula, nalika kita ndeleng wong tuwa ndedonga kanthi lirih, nalika tangane ngangkat nyuwun berkah, elinga: sukses kita ora mung amarga usaha pribadi, nanging amarga ana sepasang tangan sepuh sing tansah nyengkuyung kanthi donga lan rasa tresna.
Aja nganti kesuksesan nggawe kita adoh saka rasa eling lan rasa syukur.
Tetep andhap asor, tetep ramah, tetep murah senyum —
amargi kabecikan sing sejati, ora tau entek nalika tansah diwenehake kanthi tulus.
---